Teks Khutbah Idul Adha Bahasa Jawa, Simak Panduan Lengkap Tata Caranya

3 hours ago 1

Berikut ini adalah khutbah Idul Adha bahasa Jawa yang disusun oleh Ustadz Beni Setyawan HanifPondok Pesantren Al Ukhuwah Sukoharjo:

Pelajaran Yang Berharga dari Kisah Nabi Ibrahim

السلام عليكم و رحمة الله و بركاته 

الله أكبر3 … الله أكبر3 … الله أكبر3 …الله أكبر كبيرا والحمد لله كثيرا وسبحان الله بكرة وأصيلا  لا إله إلا الله والله أكبر, الله أكبر و لله الحمد

إن الحمد لله نحمده ونستعينه و نستغفره ونعوذ بالله من شرور أنفسنا ومن سيئات أعمالنا من يهده الله فلا مضل له ومن يضلل فلا هادي له ,أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له وأشهد أن محمدا عبده ورسوله

اللهم صل وسلم على نبينا محمد وعلى آله و صحبه و من تبعهم بإحسان إلى يوم  الدين… أما بعد

فيا عباد الله أوصي نفسي و إياكم بتقوى الله عز وجل فقد فاز المتقون

قال الله تعالى في القرآن الكريم : ( ياأيها الذين آمنوا اتقوا الله حق تقاته ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون )

Kaum Muslimin lan Muslimat, Jama’ah sholat Idul Adha ingkang berbahagia…

Alhamdulillah, Wonten enjing ingkang kebak berkah lan rohmat meniko, Kito dados umat islam ngraosaken kebahagiaan, kebahagiaan saget merayakan hari raya idul adha kanthi sesarengan, Pramilo kito kedhah tansah bersyukur dumateng Allah, lan ngagungaken asmanipun Allah kanthi maos takbir lan tahmid.

Jama’ah sholat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah…

Kawontenan Hari raya Idul Adha meniko, ngemutaken dhumateng kito sedoyo kaliyan perjuangan lan pengorbanan Nabi Ibrohim alaihi sallam ingkang sampun kasebat wonten Al Qur’an.

Allah Ta’ala sampun menceritakan kisahipun Nabi Ibrohim ‘alaihi sallam wonten Al Qur’an, setunggalipun kisah ingkang penuh hikmah lan pelajaran ingkang kedhah dipun mangartosi.

Allah Ta’ala sampun paring pangandikan wonten surat Ash-Shoffat ayat 102:

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ (102)

Ingkang artosipun:

“Maka, tatkala anak itu (yaitu Ismail) sampai (pada umur sanggup) berusaha bersama Ibrahim, Ibrahim berkata: ‘Wahai anakku sesungguhnya aku melihat dalam mimpi, bahwa aku menyembelihmu. Maka pikirkanlah apa pendapatmu!’ Ia ( Ismail ) menjawab: ‘Wahai Ayahku, kerjakanlah apa yang diperintahkan kepadamu; insya Allah kamu akan mendapatiku termasuk orang-orang yang sabar.’.” (QS. Ash Shaffat: 102) [1]

Ayat meniko paring penjelasan:

Bileh Nabi Ibrohim ‘alaihi sallam dipun uji keimanan lan ketaatanipun supados menyembelih putranipun, ingkang asmanipun Ismail.

Nabi Ibrohim lan putranipun meniko termasuk tiyang ingkang sabar lan taat dhumateng Allah Ta’ala, purun nindakaken dhawuhipun Allah.

Pramilo kanthi kesabaran lan ketaatan meniko, perintah supados menyembelih Nabi Ismail ‘alaihissalaam, Allah ganti supados menyembelih hewan ternak.

Kisah meniko dados asal usul dipun syariataken ibadah menyembelih hewan qurban.

Kisahipun Nabi Ibrahim ‘alaihissalaam meniko mengandung hikmah lan pelajaran ingkang saget dipun pendhet:

Pelajaran ingkang sepindah

Bilih panggesangan meniko mbetahaken perjuangan, meraih kebahagiaan lan kesuksesan meniko mbetahaken pengorbanan, semanten ugi meraih keselamatan hidup wonten ndonyo lan akhirat meniko mbetahaken perjuangan lan pengorbanan.

Allah Ta’ala berfirman wonten surat Ash Shof ayat: 10:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَى تِجَارَةٍ تُنْجِيكُمْ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ (10) تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنْفُسِكُمْ ذَلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ.

 Ingkang Artosipun:

“Wahai orang-orang yang beriman, maukah kamu aku tunjukkan kepada suatu perniagaan, yang dapat menyelamatkanmu dari azab yang pedih? (yaitu) kamu beriman kepada Allah dan Rasul-Nya dan berjihad (berjuang) di jalan Allah dengan harta dan jiwamu. Itulah yang lebih baik bagimu, jika kamu mengetahui.” (QS. Ash Shaf: 10) [2]

Ayat meniko nedhahaken: Bilih meraih keselamatan dan kebahagiaan hidup meniko mbetahaken perjuangan lan pengorbanan. Kesuksesan meniko mboten saget dipun raih kanthi berpangku tangan lan bermalas-malasan. Ananging kesuksesan meniko saget dipun raih kanthi usaha keras lan dipun iringi do’a nyenyuwun dhumateng Allah Ta’ala.

Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd.

Jama’ah sholat idul Adha ingkang dipun rohmati Allah….

Pelajaran ingkang kaping kalih

ingkang saget dipun pendet saking kisahipun Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam inggih puniko:

Bilih panggesangan wonten ngalam ndonyo puniko penuh ujian lan cobaan, kados dene Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam ingkang dipun uji keimanan lan ketaatanipun dhumateng Allah Ta’ala, semanten ugi tiyang ingkang beriman meniko badhe dipun uji keimananipun.

Allah Ta’ala berfirman wonten surat Al Ankabut ayat: 1 dumugi ayat 3:

الم (1) أَحَسِبَ النَّاسُ أَنْ يُتْرَكُوا أَنْ يَقُولُوا آمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ (2) وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ (3)

Ingkang artosipun :

“Alif laam miim (1) Apakah manusia itu mengira, bahwa mereka dibiarkan (saja) mengatakan: “Kami telah beriman”, sedang mereka tidak diuji? (2) Dan Sungguh kami telah menguji orang-orang yang sebelum mereka, maka sesungguhnya Allah mengetahui orang-orang yang benar (jujur dlm imannya) dan sesungguhnya Dia mengetahui orang-orang yang dusta. (3).” (QS. Al Ankabut: 1-3) [3]

Ayat meniko nedahaken bilih: Tiyang ingkang beriman badhe dipun uji keimananipun, semakin tinggi keimananipun semakin berat ujianipun, Ujian keimanan meniko macem-macem werninipun.

Allah Ta’ala ugi berfirman wonten surat Al Baqarah ayat 155:

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ (155)

Ingkang artosipun :

“Dan sungguh Kami akan berikan cobaan kepadamu, dengan sedikit ketakutan, kelaparan, kekurangan harta, jiwa dan buah-buahan. Dan berikanlah berita gembira kepada orang-orang yang sabar.” (QS Al Baqarah: 155) [4]

Ayat meniko nedhahaken bileh tiyang ingkang beriman badhe dipun uji keimananipun kanthi ujian ingkang bermacam-macam, dipun uji dengan rasa ketakutan, kelaparan, kekurangan harta lan dipun uji dengan kehilangan tiyang ingkang dipun tresnani.

Jamaah sholat Idul Adha ingkang dipun rohmati Allah…

Ujian meniko sejatosipun tondo bilih Allah tresno dhumeteng hambanipun. Kanjeng Nabi Muhammad shollallahu ‘alaihi wasallam sampun paring pangandikan wonten Hadist ingkang dipun riwayataken imam Ibnu Majah rahimahullah.

عِظَمُ الْجَزَاءِ مَعَ عِظَمِ الْبَلاَءِ ، وَإِنَّ اللَّهَ إِذَا أَحَبَّ قَوْمًا ابْتَلاَهُمْ ، فَمَنْ رَضِيَ فَلَهُ الرِّضَا ، وَمَنْ سَخِطَ فَلَهُ السُّخْطُ.

Ingkang artosipun:

“Besarnya pahala tergantung dengan besarnya ujian dan sungguh Allah Ta’ala apabila menyukai suatu kaum maka Allah akan mengujinya dan memberikan cobaan, maka barang siapa ridho dengan ujian tersebut maka akan mendapatkan keridhoan Allah dan barang siapa marah dengan ujian tersebut maka akan mendapatkan kemarahan Allah.” (HR. Imam Ibnu Majah) [5]

Hadist meniko nedhahaken bileh ujian meniko sejatosipun tondo tresnanipun Allah dhumateng hambanipun, lan besarnya pahala meniko tergantung beratnya ujian, semakin berat ujian seseorang, milo semakin besar pahalanipun, lan tiyang ingkang ridho lan sabar anggenipun nampi ujian meniko badhe pikantuk keridhoanipun Allah lan pikantuk pahala ingkang ageng sanget.

Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd…

Jama’ah sholat idul Adha ingkang dipun rohmati Allah….

Pelajaran ingkang kaping tigo

saking kisahipun Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam inggih puniko:

Tiyang ingkang beriman meniko kedhah nggadahi cita-cita ingkang tinggi, Kados dene Nabi Ibrohim ‘alaihissalaam ingkang nggadahi cita-cita ingkang tinggi, inggih meniko pados keridhoanipun Allah Ta’ala. Semanten ugi cita-cita tertinggi tiyang ingkang beriman inggih puniko pados keridhoanipun Allah, pados surga firdaus, surgo ingkang paling tinggi derajatipun.

Kanjeng Nabi Muhammad shollallahu ‘alaihi wasallam sampun paring pangandikan wonten Hadist ingkang dipun riwayataken Imam Bukhori rahimahullah.

فَإِذَا سَأَلْتُمُ اللَّهَ فَسَلُوهُ الْفِرْدَوْسَ فَإِنَّهُ أَوْسَطُ الْجَنَّةِ وَأَعْلَى الْجَنَّةِ وَفَوْقَهُ عَرْشُ الرَّحْمَنِ وَمِنْهُ تَفَجَّرُ أَنْهَارُ الْجَنَّة

Ingkang artosipun :

“Apabila engkau meminta kepada Allah maka mintalah surga firdaus, karena surga firdaus adalah surga yang paling baik dan paling tinggi, dan atapnya adalah arsynya Allah, dan dari Surga firdauslah mengalir sungai-sungai surga.” (HR. Al Bukhori) [6]

Hadist meniko nedahaken bileh Kanjeng Nabi Muhammad sholallahu ‘alaihi wasallam paring anjuran dhumateng umatipun supados nggadahi cita-cita ingkang tinggi, lan cita-cita tertinggi tiyang ingkang beriman inggih puniko pados kebahagiaan ingkang langgeng wonten surganipun Allah Ta’ala. Pramilo kito kedah berusaha, berdoa, bersemangat anggenipun mengejar cita-cita kito sami.

Kanjeng Nabi Muhammad shollallahu alaihi wasallam sampun paring pangandikan wonten Hadist ingkang dipun riwayataken Imam Muslim rahimahullah.

احرص على ما ينفعك واستعن بالله ولا تعجز

Ingkang artosipun:

“Bersemangat dalam mengerjakan hal-hal yang bermanfaat bagimu, dan mohonlah pertolongan Allah dan janganlah merasa lemah.” (HR. Muslim) [7]

Hadist meniko nedhahaken bileh kito dipun perentahaken  supados bersemangat anggenipun ngibadah, bersemangat anggenipun bekerja, bersemangat anggenipun nindakaken perkawis ingkang bermanfaat, lan ampun kesupen bileh usaha meniko kedah dipun diiringi kalian do’a nyenyuwun dhumateng Allah Ta’ala.

Allahu akbar, Allahu akbar, walillahilhamd…

Jama’ah sholat idul Adha ingkang dipun rohmati Allah…. 

Read Entire Article
Fakta Dunia | Islamic |